Georgy Konstantinovich Zhukov (Sirilik: Гео́ргий Константи́нович Жу́ков) (lair ing Strelkovka, Maloyaroslavets Raion, Kaluga Guberniya (sapunika Zhukovo Raion Kaluga Oblast), 1 Dhésèmber 1896 – pati ing Moskow, Uni Sovyèt, 18 Juni 1974 ing umur 77 taun), punika komandhan militèr Uni Sovyèt lan ugi satunggiling pulitikus, lan wujud salah satunggil jendral ingkang misuwur liwat jasanipun ingkang ageng ing Perang Donya II.
Sanèsipun
Asteroid 2132 ingkang kapanggih déning para astronom Sovyèt lajeng diparingi nama Zhukov. Taun 1995, nalika pista ambal warsa Zhukov kaping-100, Papréntahan Federasi Ruslan damel 2 jinis bebungah énggal, inggih punika Zhukov Order lan Zhukov Medal.
Pranala njawi