Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Carrel dipunlairaken ing Sainte-Foy-les-Lyon, laladan pinggiran kutha Lyon, Perancis. Piyambakipun minangka putra paling sepuh saking 3 sadhérék, 2 kakung lan satunggal putri, wonten ing kulawarga Katholik Roma. Ibunipun, Anne-Marie Ricard, minangka putri pedagang linen. Bapakipun, Alexis Carrel Billiard, minangka pekerja ing pabrikan tekstil. Carrel ninggalaken nama baptisipun, Marie Joseph Auguste, lan dipunkenal minangka Alexis Carrel nalika sédanipun sang bapak nalika piyambakipun nembé umur 5 taun.[2].
Minangka laré alit, Carrel ngrawuhi sekolah Jesuit. Sadèrèngipun sinau kadhokteran, piyambakipun nampi 2 gelar sarjana mudha, 1 wonten ing kasusastran (1889) lan 1 ing babagan sains (1890). Nalika 1891, Carrel miwiti pendidikan ngèlmu kadhokteran ing Universitas Lyon. Antawis 9 taun salajengipun, Carrel nampi kawruh akademis lan pengalaman praktik kanthi makarya ing griya sakit sakitaripun. Piyambakipun nglayani satunggal taun minangka dhokter bedhah bala kaliyan Chasseurs alpins, wadyabala gunungPerancis. Piyambakipun ugi sinau kaliyan Leo Testut, ahli anatomi ingkang kondhang. Amargi magang ing laboratorium Testut, Carrel nedahaken bakat ingkang ageng babagan "pemotongan" lan "pembedahan". Nalika 1900, piyambakipun nampi gelar medis, nanging nglajengaken pendidikan ing Universitas Lyon kanthi ngajar kadhokteran lan ngawontenaken percobaan dkanthi pangajab pungkasanipun nampi kalungguhan staf pengajar tetep wonten ing mrika.
Peninggalanipun
Kasuksésan Carrel saking biakan jaringan lumantar percobaan kéwan damel piyambakipun mikir punapa inggih jaringan manungsa lan malahan sadaya organ, mbok manawi dipunpertahanaken kanthi damelan ing laboratorium. Manawi inggih, organ ingkang dipunagengaken ing laboratorium mungkin pungkasanipun dipun-ginakaken minangka gantosing pérangan sakit ing badan. Seni nahanaken sel lan jaringan, lan ugi ngrembakakaken, ing njawi badan dipunkenal minangka biakan jaringan. Jaringan ingkang dipunbiakaken kanthi suksés mbetahahken kemampuan teknis ingkang inggil. Carrel langkung katarik wonten ing perfusi – prosedur pemompaan getih damelan lumantar organ saperlu njaga supados tetep urip. Karya Carrel kanthi biakan jaringan maringi sumbangan ageng wonten ing pangertén pagesangan sel normal lan abnormal. Tekpunikapun mbantu anggénipun mapanaken dhasar kanggé studi virus lan preparat vaksin kanggé polio, campak, lan lelara sanèsipun. Panemon Carrel, wonten ing giliranipun, ndadosaken andalan kasuksésan, ing antawisipun, Ross G. Harrison, ahli anatomi kontemporer ing Yale ingkang makarya kanthi biakan lan cangkoqan jaringan kodhok.
1 saking percobaan Carrel wonten ing biakan jaringan dados subyek cariyos berita sensasional lan dipuntingali minangka "barang ganjil" déning umum. Nalika 1912, Carrel mendhet jaringan saking jantung embrioayam kanggé nedahaken bilih sel "berdarah hangat" saged dipuntahanaken ing laboratorium. Jaringan punika, ingkang kanthi boten akurat dipungambaraken minangka ati ayam ingkang ngrembaka, "berdenyut" déning sapérangan koran, "dipertahankan" dangunipun 34 taun – gesang langkung dangu tinimbang Carrel piyambak—sadéréngipun kanthi sengaja dipunpungkasi. World Telegram, ariwarti New York, kanthi taunan nandhani ingkang dipusebut “hari lair” ati ayyam saben Januari.[3]